SKENARIO FILM PENDEK “TILIK IBU KEPALA”

SKENARIO FILM RBSM

BY NIKMAH YUANA

TILIK IBU KEPALA

TAKE 1

Di rumah

Anak-anak sedang berkumpul

Hafiz : Ngomong-ngomong Ibu Kepala kabare melahirkan.

Kaka  : Mosok?

Hafisz : He eh rak percoyo takono Mukidi he eh eh

Ajib : Aku kok rak reti Ibu Kepala hamil

Vido : Wingi ning sekolah aku weruh Ibu Kepala nggowo endog (mikir)

Hafiz : Heeh mosok Ibu Kepala hamil endog koyok pitek he eh eh. Ayoh buktike tilike yo ning omahe kono.

Ajib : Iki aku urun 20 000 , duit sangu bodho ki

Hafiz : Pelit men Jib koyo aku ki lho 50.000 , akeh duitku sultan kok

Vido : Aku yo 20.000 ki nyoh

Menjemput driver

Ajib : Mas njaluk tulung terke ning kepala sekolahku

Saddam : Ning endi

Hafiz : Kono adoh ning ndeso pokok men mengko ngikuti aku gampang. Iki dite Mas, nggo bensin  rokok komplit.

Saddam : kurang kuwi biasane sak mlakune sak juta

Hafiz : Halah gampang Mas mengko Hpku pek en aku arep ganti Ipon kok .

TAKE 2

Persiapan berangkat naik pickup

Semua sudah siap naik, kecuali hafiz dan ajib ketinggalan di tunggu.

Hafiz  : Wooi enteniii

Vido : Piye tho Fiz  Fiz ditunggu kok lelet men. Ko ndi we?

Hafiz : Aku mau mbengi nggenteni bapakku jogo rondan. Keringan ki maaf maaf .

Kaka : Halaah ketua kok telat wes wes angel men tuturanmu .

Hafiz : Hayoh mangkat

Vido : Sek kurang siji , Ajib ndiiii

Ajib : He he  maaf bro telaat

Kaka : Halaah kebiasaan

Hafiz : Ko ndi kowe?

Ajib  : Mau mbengi ngrewangi ibuku mbungkus tempe lampune mati. Aku turu jam 3 isuk

Vido : Halah paling main game

Ajib : Hi hi hi

Hafiz: Wes ayo let go . Mas Sopir berangkat !!

NGERUMPI 1

Bahas dolanan games

NGERUMPI 2

Bahas HP anyar (saling menyombongkan HP masing2)

NGERUMPI 3

Mbahas Korona mitos

Vido : Korona kuwi kok suwi men yoo

Hafiz : Halah Korona kuwi mitos, aku lungo ning ndi wae gak pake masker lho.

Vido : Ojo sembrono kabare kae Covid dadi mutant:

Ajib : Opo muthan koyo siluman

Vido : Maksude mutasi varian B117; B1617 , B1351. bertambah, India, koyo ngono korbane akeh men. Wong mati koyo batang hi hi nauzdubillah

Kaka: Wes wes sing penting saiki jaga jarak, pake masker, cuci tangan, …

Hafiz : Lha kowe rak nganggo masker

Kaka : he he lali ogh rumongsoku Korona wes ilang gak ono

Ajib : Halaah podo wae

Ngerumpi 4

Bahas sekolah online

Hafiz : Ngomong2 sekolah online sampe kapan yo

Vido : Jare Juli wes mulai sekolah luring

Ajib : Heeh aku bosen ning omah, sekolah ora tambah pinter malah tambah goblok.

Kaka : Lha kowe kopi paste jawaban ogh yo marai goblok

Ajib : Lha diterangke orak mudeng san soyo mubeng kok koyo gasing.

Hafiz : Gampang takon ae mbah google, tinggal ketik langsung jawabane metu he heh heh.

Vido : Halah kadang ora nyambung karo pertanyaane.

Hafiz : Luweh sing penting onoi jawabanane terkirim he heh

Tiba-tiba Ajib kebelet pipis

Ajib: eeh aku kebelet kiii . Mas sopirrr mudun sek aku kebelet pipis.

Hafiz : Halah kesuwen nganggo botol iki lhooo nyuwen-nyuweniii.

Ajib : Mas Sopiir aku kebelet pipis.

Sopir : Halah tanggung meh tekan ki , ngganggo botol kae lho. Aku mbiyen karo bapakku yo ngono ogh.

Ajib : Isin Mas Piir ono cah wedok isin aku …

Sopir : Yo tutupi konoooo. Iki mobile nak dipateni nggko rak iso mlaku neh kudu disurung. Gelem nyurung Wee?

Vido : Wes iki lho nguyuh ning botoh, madep rono aman. Lumayan iso nggo pupuk qi qi qi

Ajib : Asem …. (pipis ning botol) Wes

Hafiz : heh ngomong anake Ibu Kepala tho ayu lho.

Ajib : Emange ngopo Fiz

Hafiz: Aku ngko meh njaluk nomer WA ne kok.

Vido: Halah cah cilik pacaran, sekolah sek sing bener. Tugas ae kopi paste pacaran!

Hafiz : Lho sahabatan kan entuk. Aku menh jaluk foto bareng ngko, tak simpen ning galeryku.

Ajib : Emang koe wani Fiz, wingi ketemu Rumasisha ae mlayu ngeciprit, jaluk foto. Rak percoyo.

Semua : He he heh

Hafiz : He eh Mbake apikan kok. Mbiyen ketemu ning sekolah ae aku ditukoke Cilok.

Take 3

Mobil tiba –tiba berhenti

Hafiz : Woy ngopo mobile mandek

Vido : Mboh takon kono

Maju nggedor

Hafiz : Mas Sopir ngopo kok mandek? Mogok Mas.

Sopir : Lha kuwi ono bocah wuto mlaku nyebrang.

Hafiz: Ealahh ning tengah alas koyo ngene kok ono cah nyebrang.

Ajib: Kuwi bocah po memedi kui

Vido: Ayo mudun, gandeng ae kesuwen

Anak2 pada turun rame2  . Menuntun Adit yang jalan terpincang2. 

Hafiz : Kowe arep ning ndi kok dewekan.

Adit : Arep tuku mercon

Hafiz: Ndi ono bakul mercon

Adit : Yo mengko mercone dikirim JNE ning ndeso sebelah .

Ajib: Oalah tobat-tobat bela-belani tuku mercon.

Hafiz : Wes awan ki ayo mangan ndisik.  Ndi nasi bungkuse. Panitia.

Kaka : Iki nyoh nyoh …. (makan bersama)

Ajib : Ndi banyune sereten aku

Hafiz : Kuwi dientekke Vido

Ajib : Halah Vido ngentekke ogh ayo ganti. Urun mung 20 ewu ngentekke banyu.

Hafiz mulai mabuk

Ajib : Kowe ngopo Fiz sajake kok lesu ngunu

Hafiz : Ono Plastik rak aku meh mabuk ki. Wetengku mual.

Ajib: Halah awak lemu koyo ngono tapi mabukkan. Koyo aku ki lho ora tahu mabuk.

Selang kemudian

Vido : Lha kowe ngopo Jib kok yo pentalitan.

Ajib : Anu-anu wetengku mual , kurang banyu ki

Kaka: Halah podo mabuke olok-olok wong.

Khansa: Mas Sopiir mandek sek do mabuk kiii.

Sopir : Ngganggo plastik sek kono.

Khansa : Mabuk kabeh Maas! Mengko mambu hoek hoek (tidak tahan)

Mobil berhenti , pada duduk-duduk di pematang sawah.

Sopir mau nyetir gagal mesin mati

Hafiz: Mas ono opo gak iso ngegas?
Sopir: Mati ki kenopo opo yo ?

Ajib : Delokko bensinne Mas.

Sopir : Seh kebak wingi tak isi pullteng

Hafiz : Rene Mas tak genti ndisik , aku cilik jago nyetir.

Vido: Emang kowe iso Fis?

Hafiz: Lho aku kek ning njero weteng mamahku wes ajar nyetir kok. TK aku wes tekan Jakarta.

Ajib : Hu hu ndobol

Hafiz: Buktike piye, kene Mas ndi kuncine.

Mobil dicoba Hafiz bisa jalan …..

Hafiz: Sangar tho aku….Nyoh Mas gantinen wes tak bayar larang mosok sing nyetir aku. Rugi .

Di Rumah Ibu Kepala

Anak-anak pada turun

Keluar anak ibu Kepala Sekolah, cantik.

Hafiz: Nah kuwi mbake ayu thooo

Semua : He heh cantik banget subhanallah indahnya ciptanaMu ya Allah he heh

Della : Ono opo ki rame-rame

Hafiz: Mbak jaluk nomer WA ne mbak.

Della : Nggo opo

Hafiz : Nggo koleksi tho mbak sahabatan he he poto bareng yo mbak.

Semua rame-rame pada photo bareng.

Ibu Kepala keluar

Ibu : Lho ono opo ki kok rame-rame

Hafiz: Lho Bu katanya ibu kepala melahirkan. Kita mau tilik adik kecil.

Ibu: Lho jare sopo ibu melahirkan?

Saling tunjuk “kowe kowe”

Della : Ibu kepala nggak melahirkan. Yang melahirkan kuwi kocheng, Tuh!

Semua : Oalaaahhhhh (nipuk jidat)
Ha ha ha ha h a

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *